Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 20:25 - Kitab Sutji

25 Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu: “Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 20:25
25 Iomraidhean Croise  

Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan, aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;


kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.


Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa, sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.


“Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabeh bakal pracaya.


Nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.


Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyane, nanging iya padha ora ngandel.


Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!


Dhisike Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).”


Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!”


Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.


Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?


He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.


Lan sapa kang wus disupaosi, bakal ora padha lumebu ing panggonan paleremane? Apa dudu wong kang padha ora mbangun-miturut iku?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan