Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 20:15 - Kitab Sutji

15 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 20:15
12 Iomraidhean Croise  

Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha ing lurung-lurung lan ing alun-alun Panjenengane dakgoleki, gantilaning atiku iku. Dakgoleki, nanging ora tinemu.


– Menyang ngendi tindake kekasihmu, he, wong sulistya ing satengahe para wanita? Menyang ngendi enering tindake kekasihmu, aku arep padha ngrewangi kowe nggoleki.


Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.


Ananging malaekat mau ngandika marang wong-wong wadon mau: “Kowe aja padha wedi, sabab aku ngreti, kowe padha nggoleki Gusti Yesus kang disalib iku.


Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.


Sarehne dikira yen Panjenengane awor karo wong-wong sing padha mulih tunggal dalan, mulane padha mbacutake lakune nganti sadina, banjur padha nggoleki Panjenengane ana ing antarane para sanak kadang lan para pitepungane.


Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?


Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?”


Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”


Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.”


Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”


Sampun nganggep abdi panjenengan punika tiyang estri awon, margi saking sangeting bebeg saha sakiting manah kula ngantos wicanten dangu makaten.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan