Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 20:14 - Kitab Sutji

14 Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 20:14
10 Iomraidhean Croise  

Pancen Sang Yusuf ora pangling marang para sadhereke, nanging para sadhereke padha pangling marang panjenengane.


Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” Banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.


Sawise iku, Panjenengane ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalane, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha.


Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjur ngatingal marang Maryam Magdalena, yaiku kang biyen kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.


Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane.


Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge.


Nanging Panjenengane banjur tindak nratas ing tengahe wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.


Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus.


Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan