13 Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ampeten anggonira nangis, lan ampeten dlewering luh saka ing mripatira, amarga tumrap kangelanira ana ganjarane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, anak-anakira bakal mulih saka ing nagaraning mungsuh.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”
Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”
Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”