12 sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ana ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumarene layone Gusti Yesus.
Para juru ngidung wong Lewi iya padha ana ing kono kabeh yaiku Asaf, Heman, Yedutun dalah anak-anake lan sadulure. Iku padha ngadeg ing sawetane misbyah, padha manganggo lena alus lan nggawa kecer, slukat lan clempung, nunggal karo imam satus rong puluh kang gaweane ngunekake kalasangka.
Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar;
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.
Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangane; wong-wong iku bakal ndherek ing satindakingSun kalawan manganggo putih, marga wus padha sembada.
Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.