Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 2:6 - Kitab Sutji

6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adate wong Yahudi, isine saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 2:6
9 Iomraidhean Croise  

Wangsulane: Lisah satus tong. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Linggiha, gawea layang-utang liyane, saiki uga, kang muni: Seket tong.


Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak.


Nalika samana tuwuh bebantahane para sakabate Yokanan karo wong Yahudi bab sesuci.


supaya dadia suci, sarana diresiki nganggo padusan banyu kang kinanthenan pangandika


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


yaiku piwulang bab warna-warnaning baptis, panumpanging tangan, tangine para wong mati sarta paukuman langgeng.


marga kabeh kang wujud pangan lan omben-omben sarta pisungsung warna-warna iku mung tatanan tata lair bae, kang mung tumindak nganti tumekane jaman pambangunan.


Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan