Dene bareng wong satanah Mesir padha kekurangan pangan, lan rakyat padha sambat nyuwun pangan marang Sang Prabu Pringon, Sang Prabu Pringon banjur ndawuhi marang wong Mesir kabeh: “Padha maranana Yusuf, nglakonana apa saprentahe marang sira!”
Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku.
Marga saka pracaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang ing panggonan kang bakal ditampeni dadi pusakane, banjur bidhal mangka ora mirsa ing ngendi papan kang bakal kajujug.
Aja mangan apa-apa kang asale saka wit anggur; anggur lan samubarang kang mendemi ora kena diombe lan aja mangan sadhengaha kang karam. Apa kang wus kaprentahake marang dheweke iku katetepana kabeh.”