Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 2:25 - Kitab Sutji

25 sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 2:25
9 Iomraidhean Croise  

Paduka mugi inggih karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, saha Paduka mugi karsaa paring pangapunten, karsaa tumindak tuwin paring piwales dhumateng sinten kemawon ingkang salaras kaliyan sakathahing lampah-lampahipun, awit Paduka nguningani manahipun – amargi namung Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya para anaking manungsa –


malah wedi-asih marang Sang Yehuwah iku kang dadi karemenane. Panjenengane ora bakal ngadili mung waton pamirsane satleraman bae utawa ndhawahake putusna manut paturaning wong.


Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?


Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus).”


Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.”


Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”


Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau?


Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.


Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan