Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 2:20 - Kitab Sutji

20 Unjuke wong Yahudi: “Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawandasa nem taun, mangka Panjenengan kok badhe, ngadegaken salebeting tigang dinten?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 2:20
6 Iomraidhean Croise  

lan ing sajrone taun kang kaping sawelas, ing sajrone sasi Bul, yaiku sasi kang kaping wolu, padaleman mau wus rampung dalasan sakehing perang-perangane sarta cocog karo rancangane; dadi Sang Prabu anggone yasa padaleman iku lawase pitung taun.


Bupati Sesbazar punika wau lajeng rawuh sarta masang tetalesing padalemaning Allah ingkang wonten ing Yerusalem, lan wiwit kala semanten ngantos dumugi sapriki anggenipun dipun bangun, namung kemawon dereng rampung.


Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.


Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem dene nganggo rinengga ing watu-watu kang endah sarta pisungsung warna-warna, Gusti Yesus banjur ngandika:


Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”


manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan