Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.
Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun.
Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.
Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi padha kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.
Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis.
Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.
sarta padha tetunggalan karo pasamuwan nganti sataun lawase, sinambi memulang marang wong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswa anggone wiwit padha kasebut Kristen.
Wong wadon somahan iku kecencang salawase bojone isih urip. Nanging yen bojone wus tinggal-donya, wong wadon mau wenang neningkahan maneh karo sapa bae kang dikarepake, anggere wong kang pracaya.
Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.
Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.