Nganti kaya wedhus-wedhus kurban suci lan kayadene wedhus-wedhus ing Yerusalem ing dina-dina gedhe, iya kaya mangkono iku dadine kutha-kutha kang maune wus rusak, banjur kebak wong nganti kaya samodra. Marga saka mangkono wong-wong banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
Lakune wis padha tekan ing Yerusalem, Gusti Yesus bareng wis lumebet ing Padaleman Suci, banjur tumandang nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci. Meja-meja pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake
Wong-wong banjur padha diparingi piwulang, pangandikane: “Apa ora ana tulisan kang muni: PadalemaningSun kasebut dalem pamujan kanggo sakehing bangsa? Nanging wis kokdadekake kedhung begal!”
Panjenengane mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabeh dalah wedhuse lan sapine, saka ing Padaleman Suci. Dhuwite preyalan-preyalan padha disuntaki, mejane padha digolingake.