YOKANAN 2:13 - Kitab Sutji13 Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem. Faic an caibideil |
Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.
Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,