Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 2:11 - Kitab Sutji

11 Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 2:11
43 Iomraidhean Croise  

Wong wadon mau tumuli matur marang Nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.”


Sarta pinujia asmane kang mulya ing salawas-lawase, salumahing bumi kebaka ing kaluhurane. Amin, Amin.


Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.


Wong Israel bareng nyipati gedhening pandamele Pangeran Yehuwah kang ditandukake marang wong Mesir, bangsa iku nuli padha wedi marang Pangeran Yehuwah sarta kumandel marang Pangeran Yehuwah lan marang Nabi Musa abdine.


Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”


Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.


ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairake tuwin umat manungsa kabeh bakal padha ndeleng iku bebarengan; Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”


Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika: “Melua Aku!”


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.”


Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikakake dening Nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata.”


Nanging sokur dene nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowe, supaya kowe padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha marani dheweke.”


Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?


Mulane Panjenengane dipethuk dening wong akeh iku, marga padha krungu warta, manawa Panjenengane kang nindakake mukjijat iku.


Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.


lan apa bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.


awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah.


Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.”


Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono.


Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake.


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Panjenengane tumuli nilar tanah Yudea, tindak wangsul menyang ing tanah Galilea.


Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.


Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.


supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”


Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.


Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?


Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”


Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.


Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


Awitdene sangsaraku kang entheng saiki iki, iku ngolehake kamulyan marang aku kang ngluwihi samubarang kabeh, banget anggone ngungkuli kasangsaranku.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.


Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan