Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 2:10 - Kitab Sutji

10 sarta matur: “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur ingkang sae ngantos sapunika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 2:10
15 Iomraidhean Croise  

Sang Yusuf banjur dhawuh maringake dhaharan saka ing mejane marang para sadhereke, nanging pandumane Benyamin tikel lima tinimbang liyane. Karodene padha ngombe lan suka rena bareng karo Sang Yusuf.


punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.


Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


Bandaraku ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyane, lan mangan ngombe bebarengan karo wong-wong kang seneng mendem,


Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,


Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.


Tiyang-tiyang punika boten sami mendem, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga.


Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendem.


Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh,


Jalaran wong kang padha turu, iku turune ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggone mendem ing wayah bengi.


Kang dadi bedhangane para raja ing bumi, lan para wong kang manggon ing bumi wus padha mendem dening angguring bedhange.”


Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan