Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.
Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro.
Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.