Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:9 - Kitab Sutji

9 banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:9
18 Iomraidhean Croise  

Panjenengane kinaniaya, nanging kendel bae sajrone katindhes iku lan ora mbikak tutuke kaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan; kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepe para wong kang padha ngguntingi wulune, kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.


Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”


Para prajurite Sang Wali-Nagara banjur ngirid Gusti Yesus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabeh padha diklumpukake, ngepung Gusti Yesus.


Akeh kang didangokake marang Gusti Yesus, nanging Panjenengane ora paring wangsulan sathithik-thithika.


Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.


Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Gusti Yesus sarta ngandika: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?”


Wangsulane Gusti Yesus: “Pangandika panjenengan makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanes ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ing ngatasipun Kula?”


Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”


Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: “Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengan lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?”


Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,


Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.


kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.


Wong wadon mau banjur lumebu sarta kandha marang kang lanang tembunge: “Kala wau wonten abdinipun Gusti Allah manggihi kula, pasemonipun memper malaekatipun Gusti Allah, ngajrih-ajrihi sanget. Kula boten matur pitaken pinangkanipun, saha kula boten dipun paringi sumerep asmanipun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan