Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:41 - Kitab Sutji

41 Sacedhake papan panggonane Gusti Yesus kasalib iku ana patamanane lan ing patamanan mau ana pakuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:41
7 Iomraidhean Croise  

Layone tumuli katitihake ing kreta dening para punggawane, kagawa saka ing Megido menyang ing Yerusalem, banjur kasarekake ana ing pasareane piyambak. Rakyat ing nagara kono tumuli methuk Pangeran Yoahas, kang putra, kang banjur dijebadi lan kajumenengake ratu, nggentosi kang rama.


Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene, dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene, he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur, kang natah panggonane ing gunung parang?


banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, kang digawe ing sajroning gumuk karang, lan sawise ngglundhungake watu gedhe ing lawanging pasarean mau, nuli mulih.


Sawise layon diandhapake, banjur diulesi mori alus, sarta disarekake ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, tuwin kang durung tau kanggo.


Sarehne pinuju dina pacawisane wong Yahudi, sarta kuburane iku cedhak, mula Gusti Yesus banjur disarekake ana ing kono.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan