Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:39 - Kitab Sutji

39 Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:39
15 Iomraidhean Croise  

Lan banjur dhawuh marang para abdine dhukun-dhukun, ndikakake njebadi layone kang rama; para dhukun mau iya tumuli njebadi layone Rama Israel.


sarta banjur kasarekake ing astana kang wus kayasa kagem panjenengane ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Wong-wong anggone padha nyarekake ana ing pasarean kang dikebaki anggi-anggi lan sawernane adon-adon kang dicampur miturut carane nyampur adon-adon, tumuli ngurubake geni kang gedhe banget minangka pakurmatan.


Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka; mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.


Patileman kula sampun kula sebari: mur, gaharu kaliyan manis jangan.


Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel, sumelip ing antarane payudaraku.


nared lan kunir, tebu lan manis jangan, sarta sawernaning wit menyan, mur lan gaharu, apadene sarupaning anggi-anggi pilihan.


Sadurunge angin sore midid lan ayang-ayang ngilang, aku kepengin munggah menyang ing gunung mur lan ing pagunungan menyan.


Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateni nganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.


Ananging akeh pangarep kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep.”


Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.


Bareng dina Sabat wis kliwat, Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yakobus apadene Salome padha tuku anggi-anggi, banjur arep menyang pasarean njebadi Gusti Yesus.


Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Nengna bae dheweke tumindak mangkono, iku kacadhangake kanggo ing dinane anggonKu kakubur.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan