Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:36 - Kitab Sutji

36 Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:36
10 Iomraidhean Croise  

Rak mangkene pangandikaning Pangeran Yehuwah kang kaparingake marang Sang Prabu Yehu: “Anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti turun kang kaping papat!” Lan iya banjur kelakon mangkono.


anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.


Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,


Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten: “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka, ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlarat saking tanganipun ingkang ngrampog?”


Paskah iku kudu dipangan ana ing sawijining omah, daginge ora kena digawa metu menyang ing sajabane omah sathithik-thithika, lan balunge aja sira coklek siji-sijia.


Aja ana kang dingengehake tumeka ing esuke, lan balunge aja diputung siji-sijia. Anggone netepi iku mituruta sakehing pranatan Paskah.


Bab iku anggone kalakon supaya kayektenana apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi mangkene:


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.


Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan