33 nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane,
Nabi Elia banjur numpuk kayu-bong, sapine kapurak lan purakane katumpangake ing kayu mau.
Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,
Paskah iku kudu dipangan ana ing sawijining omah, daginge ora kena digawa metu menyang ing sajabane omah sathithik-thithika, lan balunge aja sira coklek siji-sijia.
Kabeh padha nggeguyu Panjenengane, amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.
Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus;
ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.