Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:29 - Kitab Sutji

29 Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupake jamur karang ing anggur kecut mau, nuli kacublesake ing pang hisop, banjur dicecepake marang tutuke Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:29
9 Iomraidhean Croise  

Panjenengane nggubah kekidungan bab wit-witan, wiwit wit eres ing pagunungan Libanon nganti wit Hisop kang thukul ing tembok. Panjenengane uga ngandika bab kewan-kewan lan manuk-manuk tuwin bab kewan kang rumangkang sarta bab iwak-iwak.


Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.


Nuli padha njupuka isop sabentel, celupna ing getih kang ana ing bokor, lan getih mau oser-oserna ing dhempele lawang kiwa-tengen lan ing ndhuwur; karodene sadhengah wong panunggalanmu ora kena metu saka lawang nganti tumeka wayah esuk.


Nuli sawijining wong kang ora najis njupuka hisop, kacelupna ing banyu iku mau, banjur dikepyurna marang ing dhuwure tarub lan sapirantine kabeh lan wong-wong kang ana ing kono; mangkono uga marang wong kang nggepok balung utawa wong kang dipateni, kang nggepok jisim apa kuburan iku mau.


Gusti Yesus nuli dicaosi ngunjuk anggur campur rempelu. Bareng wis diicipi, ora karsa ngunjuk.


Nuli ana wong siji kang enggal-enggal mrono, banjur njupuk jamur karang kacelupake ing anggur kecut, digarani glagah lan dicaosake Gusti Yesus supaya kaunjuk.


Gusti Yesus banjur nguwuh-uwuh maneh kanthi sora, nuli masrahake nyawane.


Banjur ana wong kang enggal-enggal teka nggawa jamur karang, dicelupake ing anggur kecut, dislundepake ing glagah, tumuli dicaosake marang Gusti Yesus supaya diunjuk, sarta ngucap mangkene, “Iya, coba padha dienteni lan dideleng, Nabi Elia apa rawuh ngudhunake Dheweke.”


Mangkono uga para prajurit iya padha memoyoki Panjenengane lan padha nyaosi anggur kecut


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan