Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:28 - Kitab Sutji

28 Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:28
14 Iomraidhean Croise  

Kawula ingesokaken kados toya, sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun; manah kawula kados lilin, leleh wonten ing batos kawula;


Manah kawula rempu margi saking panyamah, telah pangajeng-ajeng kawula; kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina, sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.


Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!


Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene: “Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.


Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”


Karone padha ngatingal ngagem kamulyan, sarta padha reraosan bab anggone Gusti Yesus bakal tindak menyang ing Yerusalem ngrampungake pakaryane.


Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.


Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.


Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”


Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.


Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.


Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Saha sasampunipun sami nglampahi sadaya ingkang sinerat tumrap ing Panjenenganipun, Panjenenganipun lajeng kaandhapaken saking kajeng salib tuwin kasarekaken.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan