Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:27 - Kitab Sutji

27 Nuli ngandika marang sakabate mau: “Lah iku ibumu!” Lan wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:27
11 Iomraidhean Croise  

Dadine dudu kowe kang akon aku mrene, nanging Gusti Allah, Iya Panjenengane kang mrenahake aku dadi ramane Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabeh apadene nguwasani tanah Mesir kabeh.


Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Panjenengane mirsani wong-wong kang padha linggih ngupengi Panjenengane, banjur ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!


Petrus munjuk: “Kawula punika sampun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.”


Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.


Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.


Sawise pamitan aku padha munggah ing prau, dene wong-wong mau kabeh padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan