Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:24 - Kitab Sutji

24 Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:24
13 Iomraidhean Croise  

Rak mangkene pangandikaning Pangeran Yehuwah kang kaparingake marang Sang Prabu Yehu: “Anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti turun kang kaping papat!” Lan iya banjur kelakon mangkono.


Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya; tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.


Gulone anaa ing tengahe; sarta nganggo pinggiran mubeng rupa tenunan, kaya klambi kere, supaya aja nganti suwek.


Nanging dheweke dhewe karepe ora mangkono lan ora mangkono rancanganing atine, anadene niyate atine arep numpes tuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.


Sawise kasalib, pangagemane dibage-bage sarana kaundhi.


Gusti Yesus banjur disalib, pangagemane nuli diedum-edum sarana diundhi, supaya kasumurupana pandumane dhewe-dhewe.


Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.


Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah – mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake –


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”


Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan