Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.
Nalika Rasul Paulus arep digawa lumebu menyang ing beteng, panjenengane matur marang panggedhening prajurit mau: “Punapa kepareng matur dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Kowe kok bisa basa Yunani!
Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene:
Kawula sadaya nunten sami ambruk ing siti, tuwin kawula lajeng mireng swara ingkang mangandikani kawula mawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagene sira kok nganiaya Ingsun? Rekasa sira nungkak angkus.