Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:2 - Kitab Sutji

2 Para prajurit banjur padha nganam eri kanggo makuthan diagemake ing mustakane, sarta diagemi jubah wungu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:2
7 Iomraidhean Croise  

Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken; sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”


Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.


Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.


Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan