Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.
Wiwit nalika iku Sang Pilatus ngangkah ngluwari marang panjenengane, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok: “Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes mitranipun Sang Nata Agung, sinten ingkang ngaken-aken dados ratu, ateges mbalila dhateng Sang Nata Agung.”
Para pangarepe imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Sang Pilatus: “Panjenengan sampun nyerat: Ratune wong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Aku iki ratune wong Yahudi.”
Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”