YOKANAN 19:18 - Kitab Sutji18 Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah. Faic an caibideil |
Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh lan ndongakake para wong kang mbalela.
Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.