Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:17 - Kitab Sutji

17 Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:17
23 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham tumuli mundhut kayune kurban obaran diemotake marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.


Sawuse mangkono banjur ana wong loro kang teka, yaiku wong dursila, kang lungguh arep-arepan karo Nabot. Wong dursila loro iku nuli nggugatake Nabot ana ing ngarepe rakyat, pangucape: “Nabot punika sampun ngawon-awon Gusti Allah kaliyan Sang Prabu.” Sawuse iku Nabot didhabyang menyang ing sajabaning kutha nuli dibenturi watu nganti mati.


“Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.


Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku.


Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.


Ing sandhuwure mustakane kapasangan tulisan, kang mratelake sababe kaukum, unine: “Iki Yesus ratune wong Yahudi.”


Gusti Yesus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabeh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrene, melua Aku!”


Ing sadhuwure ana tulisan, kang mratelakake apa sababe kaukum, unine: “Ratune wong Yahudi.”


Sang Kristus, ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengane iku iya memada marang Panjenengane.


Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku.


Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku, iku ora bisa dadi siswaKu.


Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus.


Satekane ing panggonan kang aran Pacumplungan, Gusti Yesus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Gusti Yesus.


Ing sadhuwure mustakane ana tulisan, kang unine mangkene: “Iki ratune wong Yahudi.”


Kabeh banjur padha dipangandikani: “Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.


Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.


Ing Yerusalem, ing sacedhake Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima.


Banjur diglandhang menyang ing sajabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepe wong nom-noman kang jenenge Saulus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan