Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:15 - Kitab Sutji

15 Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:15
9 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”


Nanging wong kabeh mau tumuli padha nguwuh-uwuh bebarengan: “Kasirnakna Tiyang punika! Barabas kaluwarana!”


Dhawuhe Sang Pilatus: “Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kula boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang.”


Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa.”


Punapadene sanadyan boten manggih bab-bab ingkang njalari kaukum pejah, ewasamanten sami nyuwun sedanipun dhateng Sang Pilatus.


gumrudug nututi karo nguwuh-uwuh: “Kasirnakna tiyang punika!”


Rakyat ngrungokake Rasul Paulus nganti tekan pangandikane kang mangkono iku, nanging sawise iku banjur wiwit nguwuh-uwuh: “Tiyang punika kasirnakna saking ing bumi, boten pantes gesang!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan