14 Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi: “Sawangen ratumu!”
Wiwit jam rolas nganti tumeka jam telu ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh.
Esuke, yaiku sawise dina pacawisan, para pangareping imam lan para Farisi padha bebarengan sowan menyang ing ngarsane Sang Pilatus
Nalika Gusti Yesus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.
Nalika samana wayahe wis sore, lan iku dina pacawisan, yaiku dina ngarepake Sabat.
Bareng watara jam rolas, banjur ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh, nganti jam telu
Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepake Sabat.
tumuli padha maju sarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!” Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.
Sarehne pinuju dina pacawisane wong Yahudi, sarta kuburane iku cedhak, mula Gusti Yesus banjur disarekake ana ing kono.
Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”