Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:13 - Kitab Sutji

13 Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:13
16 Iomraidhean Croise  

Wedi marang wong, iku nggawa kala jiret, nanging sing sapa kumandel marang Pangeran Yehuwah iku kaayoman.


Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.


Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi, dene sira nganti cidra lan ora eling marang Ingsun utawa banjur ora mreduli marang Ingsun? Apa ora marga saka anggoningSun kendel bae lan ngeremake paningalingSun, sira nuli ora wedi marang Ingsun!


Sang Prabu Zedhekia nuli ngandika marang Nabi Yeremia: “Kula ajrih dhateng para tiyang Yehuda ingkang sampun sami mbalik tumut tiyang Kasdim punika, temah kula badhe dipun angge gegujengan.”


“Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira, telung sasi sadurunge mangsa panen; sarta paring udan ana ing salah sijining kutha, lan kutha sijine ora Sunparingi udan, pategalan kang siji kodanan, tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.


Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwane utusan matur: “Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang mursid punika, sabab margi saking Panjenenganipun punika salebeting ngimpi kala wau dalu, kula ngraosaken sisah.”


Kowe padha Daktuduhi, sapa kang kudu kokwedeni. Padha wedia marang Panjenengane, kang sawise mateni iya kawasa nyemplungake wong menyang ing naraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe: Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni.


Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.


Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.


Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,


Ing Yerusalem, ing sacedhake Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima.


Nanging Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha mangsuli: “Panjenengan kula aturi nggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan