Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 19:11 - Kitab Sutji

11 Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 19:11
37 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.


Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan, kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.


Aja ngandel marang panindhesan, aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan; manawa mundhak bandhamu, atimu aja rumaket mrono.


Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana? Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake?


Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.


gusti kawula badhe katundhung saking ing antawisipun manungsa saha gusti kawula badhe dedalem wonten ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; gusti kawula badhe kaparingan dhahar rumput, kadosdene lembu sarta gusti kawula badhe katelesan ing ebuning langit; saha gusti kawula nandhang makaten punika ngantos pitung mangsa, ngantos gusti kawula ngakeni, bilih Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged maringaken karajan wau dhateng sinten ingkang dipun karsakaken.


sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake!”


Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”


Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.


Ing kono Imam Agung nyuwek pangagemane lan ngandika: “Wong iki nyenyamah Allah. Apa prelune nganggo seksi? Sapunika panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah.


Gusti Yesus banjur kabesta kaladosake marang Sang Wali-Nagara Pilatus.


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau mangkene: “Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelen lan dhabyangen sing kenceng.”


Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”


banjur kadhabyang kajujugake dhisik menyang daleme Sang Hanas, awit iku marasepuhe Sang Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun kang lumaku iki;


Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.


Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: “Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengan lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?”


Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga.


Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.


Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.”


Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.


Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.


sami nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit kanthi panguwaos saha margi saking karsa Paduka.


Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!


Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.


Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.


Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan