6 Bareng padha kadhawuhan: “Iya Aku iki,” tumuli padha mundur sarta niba ing lemah.
Sakehe wong kang sengit marang Sion bakal padha kawirangan lan bakal mundur.
Nalika para durjana padha nempuh marang aku arep mangan dagingku, yaiku sakehing satruku lan mungsuhku banjur padha kajengklok lan tiba.
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula; dhuh Yehuwah, mugi enggal karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!
Wangsulane kang kadangu: “Yesus Nasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau.
Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.”