5 Wangsulane kang kadangu: “Yesus Nasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau.
Pasemoning raine mratelakake pialane lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane, ora didhelikake maneh. Bilai wong-wong iku! Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.
Pancene kudu rumangsa wirang, amarga padha nglakoni kanisthan, nanging padha ora rumangsa wirang babar pisan lan ora ngrumangsani cacade. Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk, bakal padha kejengklok, samangsa padha tampa paukuman, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.
Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”