Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 18:37 - Kitab Sutji

37 Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 18:37
26 Iomraidhean Croise  

Lah dheweke wus Suntetepake dadi seksi tumrap para bangsa, dadi ratu lan nyekel paprentahan tumrap para suku bangsa;


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


Gusti Yesus banjur kairid marang ngarsane wali-nagara, nuli kadangu dening wali-nagara: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus ngandika: “Panjenengan sampun mastani.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane, lan kowe kabeh bakal padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Mahakuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


Sang Pilatus nuli ndangu marang panjenengane: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Panjenengan piyambak ingkang ngandika makaten.”


Wong-wong mau banjur padha calathu: “Yen mangkono, Kowe iku Putraning Allah?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Aku iki Putraning Allah.”


Sang Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus: “Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan piyambak sampun mastani.”


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


Sarta apa kang wus ditingali lan dipiyarsakake iya iku kang disekseni; ewadene ora ana wong siji-sijia kang nampani ing paseksene.


Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.


Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.


Nanging sarehne Aku iki mituturake kayekten, mulane ora kokandel.


Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku?


Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.”


Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:


Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.


Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.


Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.


Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.


Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan