pangandikane: “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret, banjur bakal kaukum pati lan bakal kaulungake marang bangsa-bangsa kang durung wanuh marang Allah,
Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.”
PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.
Dhawuhe Sang Pilatus: “Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kula boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang.”
Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”
Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.
Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”
jisime aja nganti nginep gumantung ing saka mau, nanging poma kakubura ing dina iku uga; awitdene wong kang kagantung iku kena ing laknate Gusti Allah; kowe aja nganti najisake tanah kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi duwekmu.”