31 Dhawuhe Sang Pilatus: “Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kula boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang.”
Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.
Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”