Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 18:28 - Kitab Sutji

28 Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 18:28
33 Iomraidhean Croise  

anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila, klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.


awit sikile wong iku parane marang ing piala, sarta cukat manawa arep ngwutahake getih.


awit wong iku padha ora bisa turu, yen durung nindakake piala, ngantuke ilang, yen durung gawe kesandhunge wong;


Ing sasi kapisan, tanggal patbelas sasi iku sira padha mahargyaa riyaya Paskah lan ing sajrone pitung dina sira padha mangana roti tanpa ragi.


Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone; sarta bareng esuk ditindakake, marga prakara iku ana ing pangwasane;


Para prajurite Sang Wali-Nagara banjur ngirid Gusti Yesus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabeh padha diklumpukake, ngepung Gusti Yesus.


Gusti Yesus banjur kadhabyang dening para prajurit menyang ing plataran jero, ing gedhong pangadilan, sarta banjur padha ngundang kanca-kancane sagolongan kabeh.


Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.


Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku.


banjur kadhabyang kajujugake dhisik menyang daleme Sang Hanas, awit iku marasepuhe Sang Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun kang lumaku iki;


Simon Petrus karo sakabate siji liyane ngetutake Gusti Yesus. Sakabat kang bebarengan karo Simon Petrus iku wanuh karo Imam Agung, iku banjur mlebu menyang platarane Imam Agung bareng karo Gusti Yesus,


Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Gusti Yesus sarta ngandika: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?”


Nanging kowe padha duwe adat, samasa riyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwun luware wong siji. Kang iku apa karepmu kang daklilakake marang kowe ratune wong Yahudi?”


Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”


Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi: “Sawangen ratumu!”


banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.


Tumuli padha dipangandikani mangkene: “Panjenengan sadaya sami mangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Gusti Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula boten dipun parengaken mastani tiyang najis utawi boten resik.


Mulane kongkonana wong menyang ing Yope methuk Simon kang peparab Petrus, kang lagi mondhok ing omahe Simon, tukang samak, ing pinggir sagara.


pangucape: “Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang boten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”


Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.


Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi


Ing kono kowe nyembeleha wedhus lan sapi kanggo kurban Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah kagem padalemaning asmane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan