Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 18:22 - Kitab Sutji

22 Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 18:22
12 Iomraidhean Croise  

Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku, aku ditapuk kalawan pamemirang, padha nggrombol arep ngroyok aku.


Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.


Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata, sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda, saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun, wong kang bakal ngereh Israel; kang wus ana wiwit ing jaman purwa, wiwit ing jaman kuna.


Banjur ana wong sawatara kang wiwit ngidoni Panjenengane, nutupi pasuryane lan ngantemi karo kandha: “Heh, Nabi, coba mecaa!” Dalasan para abdi iya padha napuki.


Apa sababe kowe takon marang Aku? Takona marang wong-wong iku, kang wus padha krungu apa kang Dakkandhakake marang wong-wong iku. Iku wus padha nyumurupi temenan apa kang Dakkandhakake.”


Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.


tumuli padha maju sarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!” Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan