YOKANAN 18:20 - Kitab Sutji20 Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan. Faic an caibideil |
Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalayan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa.