17 Abdi wadon kang tunggu regol mau tumuli calathu marang Petrus: “Dika niku rak enggih panunggalane sakabate wong niku, ta?” Wangsulane Petrus: “Sanes.”
Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.
nanging Petrus kari ana ing jaba cedhak regol. Murid liyane kang wanuh Imam Agung mau, tumuli metu maneh, caturan karo wong wadon kang tunggu regol, Petrus banjur diajak mlebu.
Wangsulane kang kadangu: “Yesus Nasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau.
Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”