ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan, putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun.
Nanging sawijining panunggalane, iya iku kang asma Kayafas, kang jumeneng imam agung ing taun iku, banjur ngandika: “Panjenengan kok sami boten mangretos punapa-punapa,
Anadene pangandika kang mangkono iku ora tumuwuh saka panggalihe piyambak, nanging marga jumeneng imam agung ing taun iku, dadine medhar pameca, yen Gusti Yesus bakal nglampahi seda kanggo bangsa iku,
Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.
Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”