Sawuse padha tekan ing papan kang kadhawuhake dening Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayune banjur ditata, kang putra Iskak ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ing sadhuwure kayu.
Para prajurite Sang Wali-Nagara banjur ngirid Gusti Yesus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabeh padha diklumpukake, ngepung Gusti Yesus.
Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.
Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.
Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.
Nalika Rasul Paulus arep digawa lumebu menyang ing beteng, panjenengane matur marang panggedhening prajurit mau: “Punapa kepareng matur dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Kowe kok bisa basa Yunani!
Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempal dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng.
Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.