10 Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus.
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene ing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Aku kaping telu.”
Petrus selak, pangucape: “Sanes.” Sawijine abdine Imam Agung, kalebu sanake kang kaperung kupinge dening Petrus, tumuli calathu: “Napa kula boten weruh dika wonten ing patamanan sareng kalih Wong niku?”