YOKANAN 18:1 - Kitab Sutji1 Sawise Gusti Yesus ngaturake kabeh iku mau banjur miyos saka ing kono tindak menyang ing sabrange kali Kidron kadherekake dening para sakabate. Ing kono ana patamanan kang tumuli dilebeti karo para sakabate. Faic an caibideil |
Misbyah-misbyah ing payoning panggung, papan manawa Sang Prabu Akhas ngisis, yasane para ratu ing Yehuda lan misbyah-misbyah yasane Sang Prabu Manasye kang ana ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah karo pisan, iku padha dibubrahi dening Sang Prabu, kaejur-ejur dadi awu ana ing kono, awune nuli kabuwang ing kali Kidron.
Sang Nata nuli dhawuh marang Imam Agung Hilkia, para imam pangkat loro lan para kang padha jaga lawang, supaya padha nyingkirake saka ing padalemaning Sang Yehuwah sakehing piranti kang digawe kanggo Baal lan Asyera lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit, iku kabeh tumuli padha diobong ana ing sajabaning kutha Yerusalem ana ing ara-ara ing sapinggire kali Kidron, dene awune digawa menyang ing Betel.
Sawuse iku para imam banjur padha lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah prelu nucekake iku. Kabeh kang najis, kang tinemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah, digawa menyang ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah; iku padha ditampani dening para wong Lewi lan digawa metu, menyang ing Lebak Kidron.
Iku manggihi aku kabeh, banjur mundhut ageme peningset Rasul Paulus, diagem nangsuli sampeyane lan astane piyambak kalawan ngandika: “Pangandikane Sang Roh Suci: Kang kagungan paningset iki bakal kabesta mangkene iki dening wong-wong Yahudi ing Yerusalem sarta bakal kapasrahake marang tangane bangsa-bangsa liya.”