4 Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.
Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”
Nanging supaya jagad sumurupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene.”
Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”
Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.
Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.