Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:26 - Kitab Sutji

26 punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:26
28 Iomraidhean Croise  

Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa, tuwin saking singating bantheng. Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.


Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.


Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku.


“Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetepa dumunung ing sihKu iku.


Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.


Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.


Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku.


Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengane iku uga kang ngadili.


Nanging manawa Sang Kristus dedalem ana ing kowe, sanadyan raga iku mati marga saka dosa, nanging sukma iku urip awit saka kabeneran.


Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,


Sabab, kayadene badan iku siji, mangka gegelitane akeh; sarta sakehe gegelitaning badan iku sanadyan akeh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.


nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.


supaya pinujia sih-rahmate kang luhur, kang kaparingake marang kita ana ing Panjenengane kang kinasih.


temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana ing katresnan.


awit kita iki gegelitaning sarirane.


Iki wewadi kang gedhe, nanging kang dakkarepake gegayutane Sang Kristus karo pasamuwane.


Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.


lan kowe wus padha kapenuhan ana ing Panjenengane, kang jumeneng sesirahe sarupaning pamarentah lan panguwasa.


ing kono wus ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa won Skit, batur tukon utawa mardika, nanging Gusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ing samubarang kabeh.


Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,


ature: “Asma Paduka badhe Kawula wartosaken dhateng para sadherek Kawula, saha Kawula badhe ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan.”


Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan