Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:21 - Kitab Sutji

21 supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:21
37 Iomraidhean Croise  

Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.


“Nanging sawuse iku para bangsa bakal Sunparingi lambe liyane, yaiku lambe kang resik, supaya kabeh padha nyebuta asmane Pangeran Yehuwah, sarta padha ngabekti marang Panjenengane kalawan rukun.


Sang Yehuwah nuli bakal jumeneng Ratu, misesani salumahing bumi; ing wektu iku mung Pangeran Yehuwah kang jumeneng mribadeni lan mung asmane kang ana.


Manawa ana karajan, kang kawulane padha crah, karajan mau ora bisa tulus


Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.


Aku lan Sang Rama iku siji.”


Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”


Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah sami ngrubung Kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”


Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.


Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”


Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.


Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;


Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun,


Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;


Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.


Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.


supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,


Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.


mangkono kita iki, sanadyan akeh, padha dadi badan siji ana ing Sang Kristus; ananging kita iki kang siji padha dene dadi gegelitane sijine.


Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.


Sabab, kayadene badan iku siji, mangka gegelitane akeh; sarta sakehe gegelitaning badan iku sanadyan akeh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.


Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane.


Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.


Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo Injile Sang Kristus, supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil


Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus.


Awit ana telu kang padha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta katelune iku dadi siji.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan