Marga saka Sion aku ora bisa meneng, lan marga saka Yerusalem aku ora bakal leren, nganti tumeka kabenerane sumunar kaya cahya lan karahayone murub kaya obor.
“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”
kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?
Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun,
marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.
Awit iku kabeh kalakone marga saka kowe, supaya sih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhe, marga sangsaya akehe wong kang manjing pracaya, ndadekna sangsaya lubere pangucap sokur kang konjuk ing kaluhuraning Allah.
Sabab manawa aku nglairake pangalembana tumrap kowe marang Titus iku kowe ora gawe gelaku; nanging padha kaya anggonku tansah ngandhakake apa kang bener marang kowe, samono uga pangalembanaku ana ing ngarepe Titus iku iya wus kayektenan temenan.
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.
kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.
Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.
kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.
Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.
Jalaran Panjenengane kang nucekake, sarta kang padha kasucekake, iku asale saka Siji. Mulane Panjenengane iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku,
Jalaran, manawa getihing wedhus lanang sarta getihing sapi lanang lan kepyuraning awune pedhet iku ndadekake sucine wong kang najis, satemah padha kasucekake tata lair,
Jalaran manawa mangkono Gusti kudu bola-bali anggone nandhang sangsara wiwit jagad iki dititahake. Nanging saiki Panjenengane mung sapisan anggone nglairake sarirane, yaiku ing jaman wekasan, prelu mbirat dosa srana kurbane piyambak.
He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.